sing dak sawang sangarepku iki
dudu awakmu
dudu tangga teparo
dudu simbah-simbahku
pancen ora bagus
apamaneh ayu
pawongan ing ngarepku
kang digaris pinggire
kanthi nglega
mbedakna antaraning gebyok
lan barang kinclong
yen kasaput surya
sing dak sawang mung
ala-ku dhewe
sajroning mripat ireng iku
luwih jero, luwih katon
ana samudera
kang ginaris
luwih amba
nanging mripatku
tibake ana wates
payawange
tan bisa nembus
luwih jero
aku tetep lila
nyawang pawongan
sing uga
lagi nyawang aku iku
awakku dhewe
apa anane.
Yonathan Rahardjo, Ragunan, 29 Desember 2003
Damar Jati Edisi 65, Mei 2008
Puisi
Puisi-Puisi Jawaban Kekacauan - PULIHKAN Aceh - BURU (di pulau) - DI-MUNIR, DI LABIRINNYA - Nurani KOREK JUMBO - GEMPA KUASAMU - JakartaKota – Bogor - Bercinta Mencegah Hutan Gundul - UNTUK PARA PEMENANG - FLU BURUNG - NERACA - PUISI UNTUK PRAM - DI SITU - bukan serabi Bandung - batagor - pecel lele - gado-gado - apem - arsik ikan mas - siomay - kerak telor - kacang campur - jus buah - kembang goyang - kacang bali - RUWAT BUMI - UPACARA BUMI - ROTI BAKAR - ROTI BUAYA - sambal terasi - Roti Keju - ROTI PERJAMUAN - Roti Selai - RUJAK BEBEG - rujak uleg - Salat Bar - SAJEN - Asinan - ARUMANIS - bagea - fried chicken - kikil - kopi pahit - krecek rengginang - kroket - kue kering - kue lumpur - GURIT KACA RASA - Bebendu Kala Kliru - toga - tingting jahe - terang bulan - tempe penyet - tempe enak - tempe bongkrek - tempe orek - telur mata sapi - telor asin - wajik ketan - waffel - urap - unthuk yuyu - ubi goreng ubi rebus - tumis - trasi sidoarjo - torpedo kambing - tongseng - tom yam - es kacang merah - es goreng - es doger - emping mlinjo - di bubur dan mi - donat - es campur - es cincau - es degan